ATI DONDONG Ciptaan : Hery Gempil Vokal : Didi Kempot Ra maido, kowe pancen ayu Kinyis kinyis koyo ratu kencono wungu Akeh priyo sing dadi korbanmu Mburu tresno ngrusak pager ayu *) Kulitanmu putih moblong moblong Saben mlaku mesti ngegolke bokong Penganggonmu sarwo amencorong Ora ngiro yen atimu koyo dondong Dondong kecut kulite Daginge legi nyontrot isine Mau dong cuma duite Tresnane mung moro bandane Tego tenan sliramu nglarani liyan Pingin sugih ngrusak tali bebrayan Kembang mlati thukule ning pinggir kalen pingin mukti ning malah dadi ra kajen reff : kembali ke *)…kulitanmu…